Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa

Teks Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa ( 7 Contoh Terbaik )

Posted on

Selamat datang di blog makalah pedia. Apakah kalian saat ini sedang mencari Teks Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa  ? Hah kalian tepat sekali mampir di blog saya ini. Pada kesempatan kali ini saya akan memberikan referensi-referensi atau contoh contoh Teks Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa yang bisa kalian jadikan referensi .

Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa

Berikut ini Teks Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa ( 7 Contoh Terbaik ) :

( CONTOH 1 )

Contoh Pidato Bahasa Jawa dalam Sambutan Penerimaan Pengantin Laki-laki

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Bapa/Rakamas/Adhimas* … (nama paraga pasrah) ingkang satuhu lebda ing karya miwah satuhu pantes ingurmatan. Tetela sampun trawaca anggen panjenengan masrahaken panganten kakung, Bagus … (nama panganten kakung), putra kakungipun Bapa … (nama tiyang-sepuhipun panganten kakung) sakalihan, ingkang pidalem ing … (dedunung tiyang-sepuhipun panganten kakung).

Kula minangka sulih sarira saking Bapa … (nama ingkang hamengku karsa) sakalihan garwa, sepisan, kula tampi taklimipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) sakalihan garwa, tumunten badhe enggal kula aturaken Bapa … (nama tiyang-sepuhipun panganten putri). Kosok wangsulipun, mugi panjenengan kersa ngaturaken taklimipun Bapa … (nama tiyang-sepuhipun panganten putri) sakalihan garwa katur Bapa … (asma ingkang rama panganten kakung) sakalihan garwa.

Ingkang angka kalih, kula tampi kanthi suka-bingahing manah, anggen panjenengan masrahaken panganten kakung, mangke tumunten badhe kapanggihaken miturut adat widhi widana ingkang sampun lumampah ing ngriki. Salajengipun, kula suwun panjenengan sapanggrubyuging panganten kakung kersa hangestreni miwah paring donga-pangestu mugi kaleksananing sedya binerkahan Gusti Ingkang Maha Agung sarta kinalisaken saking sedaya rubeda. Wondene paringipun tandha katresnan kula tampi lan badhe enggal kula caosaken Bapa … (asma iingkang rama panganten putri) sakalihan, inggih ingkang hamengku gati. Mugi-mugi saestu saged nambahi raketing pasadherekan anggenipun mangun bebesanan.

Makaten menggah atur panampi kula, kiranging subasita miwah panataning basa, mugi diagung ing pangaksama. Nuwun.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Sumber : http://sendang-wonogiri.desa.id/2018/03/22/contoh-pidato-bahasa-jawa-dalam-sambutan-penerimaan-pengantin-laki-laki/
—————————————————————————–

 

 

( CONTOH 2 )

Pidato Penyerahan Pengantin Memakai Bahasa Jawa

Assalamu alaikum wr.wb.

bismillah hirohman nirrohim,Alhamdulillah hirobbil alamina wakhafa,wassolatu wassalamu ala sayidina muhammadinil mustofa,waala alihi wa askhabihi ahli sidqi walwafa ama bakdu

Dumateng poro alim poro ulama ingkang tuhu kinakbetendumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang tuhu kinormatan
kususon dumateng sohibul hajah ingkang kawulo hormati
wabil khusus dumateng temanten kekaleh ingkang berbahagia.

Sa’derengipun monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan,saget bertatap muka wonten ing majlis puniko,kanti rahayu wilujeng.saperlu angrawuhi undangan walimatul arus.mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat,kususipun dateng temanten kekalih lan umumipun dateng kulo panjenengan sami

Ingkang kaping kalihipun solawat soho salam ,allohuma soli ala sayidina Muhammad monggo tansah kunjuk dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW nabi pungkasan ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang ing dinten Qiamat. Amiin

Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan !

saklajengipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget kulo gunaaken ingkang sa’sahe-sahenipun.

Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil konco pengantin.ngaturaken agunge panuwun dumateng Shohibul kajah ingkang sampun nampi kulo sakonco kanti lemahing penggalih,sampun nyediaaken papan pinara’an, shoho dedaharan lan unjukan ingkang kados mekaten mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami konco pengantin, mboten saget mbales penghormatan meniko kejawi namung saget dungaaken dateng Shohibul kajah sekeluarga Mugi-mugi penghormatan meniko andadoso amal sholehipun ingkang ditrimo dening Allah, shoho dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun.

Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan

selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking walinipun pengantin putri inggih puniko Bapak……. saking dusun ……… kawulo nampi Amanat saking Bapak ……., ingkang supadoso masrahaken temanten putri ingkang Asma ………, dumateng bapak …….. mriki minongko tiyang sepuhipun temanten kakung. Pramilo saking meniko kanthi ucapan “Bismilah” temanten putri meniko kulo pasrahaken dumateng Bapak ….. mriki, kanti pasrah bongko’an tegesipun inggih kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene wonten kekirangipun sangking segi nopokemawon, , kawulo suwun Bapak Shohibul hajah mriki kususipun, lan sedoyo keluarga soho masyarakat mriki umumipun kersoho paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun.

Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan !

Ingkang terakhir kawulo ugi atas nami wakil saking konco pengantin bilih acara mangke sampun paripurno, kawulo sa’rombongan, ugi nyuwun pamit sepindah, soho nyuwun tambahipun do’a Mugi2 kulo sa’rombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng, boten wonten alangan setunggal punopo. Amiin.

sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking konco temanten, kulo nyuwun agunging pangapunten,mbokbilih wonten tingkah tanduk, trap susilo ingkang kirang nyocoki dateng panggalehipun Shohibul kajah mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.

Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb

sumber : https://www.wongcungkup.com/pidato-penyerahan-pengantin-memakai-bahasa-jawa/#ixzz5qdOrR18T

—————————————————————————

 

 

 


( CONTOH 3 )


Pidato Penampi Pasrah Pengantin Memakai Bahasa Jawa

Assalamu alaikum wr.wb.

bismillah hirohman nirrohim, Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu wassalamu ala sayidina muhammadin, waala alihi wa askhabihi aj’main ama bakdu. amiin

Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati,

dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati,

dumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormati,

dumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia.

Ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis puniko. mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat, fidinnii fidun ya wal akhiroh kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho panjenengan sami.

Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam, allohuma soli ala sayidina Muhammad  dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang kito antu – antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir.  Amiin

bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan !

Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah, ngaturaken agunge panuwun dumateng sagotrah tamu undangan. amargi panjenengan sami kerso angrawuhi undangan walimatul arsy saking tuan rumah.

Salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah panjenengan sami. gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten sopan, lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut kados mekaten, suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang sederhana. sepindah malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten.

Poro rawuh ingkang minulyo

selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih puniko Bapak……. nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking  Bapak ……., pinongko walinipun temanten putri. nggeh selama temanten kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten griyo mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh tanggungane keluargo mriko.

Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan

saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh namung saget ndongaakan dumateng rombongan konco temanten bilih mangke acara sampun paripurno saget kondor tumuju dalemipun piyambak – piyambak mboten wonten alangan setunggal punopo. amiin.

sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken, katah ature mesti katah lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro pangaksami.

kawulo akhiri, Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb

sumber : https://www.wongcungkup.com/pidato-penampi-pasrah-pengantin-memakai-bahasa-jawa/#ixzz5qdPD9hi9

———————————————–

 

 

( CONTOH 4 )

Pidato Bahasa Jawa dalam Acara Pernikahan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.! Para pini sepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabeketen,
Para pangemban pangembating praja ingkang dados pangayoming sesami,
Dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.

Keparinga kula minangka badal wakilupun Bapak H. Madi Kusuma ingkang amengku gati, binantu kadang gotrah.

Kula piniji minangka wod lumaraping atur ingkang dados isen-isening manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya sahingga mboten kuwawi matur piyambak.

Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahi Robbi ingkang sampun ngrentahaken mapinten-pintin kanikmatan mliginipun kasugengan saha kalodhangan saengga kita sedaya saged njenengi serat sedhahanipun Bapak H. Mardi Kusuma ing siang punika. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin.

Salajengipun Bapak H. Mardi Kusuma dalah sedaya kadang gotrah ngaturaken sugeng rawuh kairing atur panuwun dumateng para rawuh sedaya awit saking kerawuhan saha donga pangesti tumrap penganten kekalih.

Kados ingkang sampun kaserat ing serat sedhahan menggah wigatosing Bapak H. Mardi Kusuma anetepi wajibing asepuh amiwaha putra ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih gendhuk Wulan Safitri, S.Pd kapalakramekaken kaliyan Bagus Adhi Sulistya, S.H putra kakungipun Bapak Drs. Subagya ingkang pidalem ing Bangunjiwo, Kasihan, Bantul.

Salajengipun keparinga para rawuh sedaya paring tambah donga pangestu tumrap temanten kekaleh mugi anggenipun sami lelumban ing bebrayan tansah atut runtut manggih bagya mulya kang sinedya saengga enggal keparing nugrahaning gusti momongan kanthi angugemi brayat rinancang tanpa keri.
Inggih pungkasing atur mbokbilih adicara pawiwahan menika sampun paripurna keluarga Bapak H. Mardi Kusuma saha keluarga Bpk. Drs. Subagya lan temanten kekalih ngaturaken sugeng kundur mugi rahayu  dumugi griya panjenengan sami.

Wasana cekap semanten ingkang dados aturing keluarga Bapak H. Mardi Kusuma lan kula pribadi mbokbilih anggen matur kathah tuna dungkap saha tumpang suh saestu nyuwun agungeng samodro pangaksami.

Wabilahitaufiq walhidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sumber : https://www.sesorah.com/2015/08/pidato-bahasa-jawa-dalam-acara-pernikahan.html

——————————————————-

 

 

( CONTOH 5 )

Pidato Bahasa Jawa Singkat : ATUR PASRAHAN PANGANTEN

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan.

Panjenenganipun Bapak………………………..(besan) ingkang dahat kula bekteni.

Kula minangka tetalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bapak………………..(ingkang mengku damel) kekalih. ingkang sepisan : ngaturaken salam taklimipun mugi kunjuk dhumateng bapak…………………(besan) sekaliyan, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak saha ibu…………….(besan) sakaluwarga tansah

pinaringan berkah rahmating Pangeran saha suka rahayu ingkang sami pinanggih.

Kaping kalihipun : kula ugi tinanggenah masrahaken atmaja-nipun inggih Sri panganten kakung ingkang peparap bagus Kanthi panyuwunan mugi kaparenga kadhaupaken kaliyan pun rara……………….putra putrinipun Bapak………………….(besan).

Kaping tiganipun: saderengipun calon panganten kula pasra-haken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-

puji pudyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi,

mugi-mugi upacara …………………. sageda kalampahan kanthi

wilujeng kalis ing sambekala.

Ing samangke calon panganten kula pasrahaken ing panjene-ngan, selajengipun sadaya kula sumanggakaken masa borong panjenengan.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur saha mbok bilih wonten kirangi suba sita, tandhang-tandhuk tuwin tata krami, kula nyuwun pangaksama.

Akhirulkalam billahit taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun!

Sumber : http://pidato.net/290_pidato-bahasa-jawa-singkat-atur-pasrahan-panganten
—————————————————————————

 

 

 

 

( CONTOH 6 )

Sambutan pahargyan manten

Assalamu alaikun w.w
Nuwun panjenenganipun para sepuh,kakung miwah putri,langkung-langkung para pepunden lan priyagung ingkang winantu kinurmatan lan winantu karahayon.
Ing mriki kula jumeneng pinangka sulih lan wakilipun Bapak Ibu Rajiman Sisworaharjo, kepareng sumela atur,nggempil kamardikan sawatawis saperlu:

Ngambali atur,ngaturaken sugeng rawuh panjenenganipun tamu sekalian kakung saha putri ingkang sampun kepareng ngalonggaraken wekdal rawuh minangkani pamundutipun Bp/Ibu Rajiman Sisworaharjo,ingkang wigatosipun kasuwun hangestreni miwah paring berkah pangestu,anggenipun Bp/Ibu Rajiman Sisworaharjo mahargya ingkang putri wuragil ingkang asma Rr Anik Sutanti Apriani pikantuk Bagus Hanny Suryanto putranipun Bp/Ibu Sarwono saking Pakahan Jogonalan Klaten.

Mugi-mugi pinaringan lulusa raharja,kalis ing rubeda ngantos salajengipun ginayuh anggenipun mahargya putrinipun punika.

Dumateng para rawuh kakung miwah putri lan para pepunden ingkang kinurmatan.
Perlu kula aturaken bilih akad nikah pengantin kekalih sampun kaleksanan kala wau titiwanci jam 09.15 wonten ing ndalem punika kanti slamet kalis ing sambikala.

Ingkang salajengipun dumateng para rawuh lan pinisepuh keparenga paring berkah pangestu mugi-mugi penganten kekalih saged atut runtut dadosa keluarga ingkang sakinah,mawadah,warohmah kasedyan sedaya gegayuhanipun membangun keluarga bahagia ngantos kaken-kaken ninen-ninen,pikantuka putra ingkang soleh utawi solehah.

Salajengipun Bp/Ibu Rajiman Sisworaharjo mboten kesupen ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindan dumateng kadang warga punapa dene santana ingkang sampun rumentah sampun cancut gumregut nyengkuyung bot repoting pakaryan wiwit purwa, madya ngantos pungkasan,ing panyuwun dumateng Gusti Ingkang Maha Agung mugi paringa leliru ingkang samurwat.

Awit saking kawontenan,rupaking sasana,sumuking swasana dalah sadayanipun ingkang mboten ndadosaken renaning penggalih Bp/Ibu Rajiman Sisworaharjo amung nyuwun lubering samodra pangaksami.

Wasana cekap atur kula ingkang pinangka talanging atur awit Bp/Ibu Rajiman Sisworaharjo,salajengipun kasuwun sakeca lenggah kanti mardikaning panggalih ngantos paripurnaning pawiwahan punika.

Tumrap kula ingkang pinitados talanging atur mbok menawi wonten klenta klintunipun anggen kula matur lan kirang trapsila awit kirangipun seserepan mboten langkung nyuwun agunging pangaksami.

Cekap semanten atur kula,rahayu ingkang pinanggih.
Wassalamu alaikum w.w.

Sumber :  https://cahyopradonggo.wordpress.com/tag/sambutan-manten-bahasa-jawa/
———————————————————————–

 

 

 


( CONTOH 7 )

 CONTOH PASRAH TEMANTEN YANG BAIK

Assalamuallaikum Wr,Wb
Kasugengan,katentreman,kabagaswarasan saha kamulyan mugi tansah tumedhak wonten jiwanggo panjenengan sedaya dalasan kula waradin sagung dumadi.

Nuwun dhumateng Bapa…(wakil Tuan rumah) ingkang wedhal menika minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa..(Tuan Rumah) sekalian. kula ing ngriki minangka talanging atur saking panjenenganipun Bapa (..Yang di wakili) sarimbit keparengna matur bileh panjenenganipun Bapa.(yang diwakili) sarimbit sepisan ngaturaken puji syukur wonten pepadhaning Gusti Ingkang Maha Wicaksana awit sowanipun sapangombyong saking laladan.. (desa asal yang diwakili) dumugi ngriki sampun pinaringan wilujeng nir ing sambekala tinebeh saking sedaya rubeda.

Kaping Kalih panjenenganipun Bapa ..(yang diwakili) ngaturaken salam taklim katur dhumateng Bapa..(Tuan rumah) kanthi pandhunga mugi-mugi sedaya kesainan agesang tansah tumedhak tumandhuk dhumateng panjenenganipun Bapa..(Tuan Rumah) dalasan gotrah.

Ingkang saklajengipun, panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) hanganthi temanten kakung nun inggih Dimas Bagus..(nama pengantin putra) minangka netepi rantamaning adicara ingkang sampun karantam nedya hanjatu krami Nimas Ayu ..(nama pengantin putri) kenya siwinipun Bapa..(Tuan rumah). hambok bileh samudayanipun sampun samapta keparenga kapanggehaken lan kadaupaken miturut adat widi widana ingkang taksih lumampah wonten ing ngriki.

Panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) sekulawarga boten katalumpen ugi ndherek ndedunga dhumateng Gusti ingkang Maha Kawasa, mugi-mugi rahayuning sedya saget lumaksana boten manggih rubeda nir ing sakara-kara.

Kejawi saking menika,panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) sapangombyong nyuwun gunging samudra pangaksama hambuk bileh karawuhanipun wonten samukawis ingkang boten saget ndadosaken suka gumbiraning manah.

Puput pepuntaning atur,kula ing ngriki minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa..(yang diwakili)sekalian nglenggana kathah kekiranganipun,pramila saking menika keparenga panjenengan sedaya kesdu atur pangaksama dhumateng kula. wasana, Wasalamualaikum Wr,Wb.
nuwun.

Sumber : https://contohtekspranatacaraterbaru.blogspot.com/2016/08/contoh-pasrah-temanten.html

Demikian referennsi referensi tentang ” Teks Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa ( 7 Contoh Terbaik ) ”. Semoga bermanfaat.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *